Iki syiiran 'Wasiat Kanggo Anakku', karingkes saking kitab Washoya al-Aba lil Abna anggitanipun Syekh Muhammad Syakir as-Sakandary. Saget dipun tembangaken kanti lagu Ya Rosulalloh Salamun Alaik lan sakmisalipun.
WASIAT KANGGO ANAKKU
(Syiiran Washoya)
Utawi kabeh puja lan puji
Tetep kagungan Allah suwiji
Tambahe rohmat ta'dzime Gusti
Tetep katuran ing Kanjeng Nabi
Anak-anakku hei kinasihku
Wasiat iki kanggo awakmu
Supaya beja mujur uripmu
Lampah temata ora keliru
Takwaha maring Gusti Pangeran
Nindak perentah cegah larangan
Takwa ingdalem kabeh kahanan
Manembah Gusti urip bebrayan
Ing Gusti Allah pada kenala
Kang paring nikmat maha sampurna
Dadi kawula taat lan takwa
Maring pesthene mantep lan nrima
Ing Rasulullah pada manuta
Sampurna iman kelawan tresna
Nabi Muhammad piyantun mulya
Banget welas ing kita sedaya
Maring wong tua pada mbaktia
Aja guneman kasar lan ala
Manut pitutur lan tata krama
Ndedonga kanggo ibu lan rama
Ing bala kanca pada akura
Tulung tinulung sarta ngelingna
Aja nglarani aja ngremehna
Aja ngrusuhi lungguh kang tata
Ngaji kang temen sregep sinau
Hurmat ngajeni guru-gurumu
Adab kang bagus pepaes ilmu
Berkah manfaat amal lelaku
Sinau bareng pada rembugan
Ndadekna kendel lanyahe lisan
Bolan baleni njur nganti khatam
Ora mung apal ya kudu paham
Ing wayah selo do olahraga
Obahna badan metua njaba
Mapan panggonan kang seger hawa
Sehat trengginas gumregah sira
Mlakumu aja ngebaki dalan
Aja guyonan ngrusuhi liyan
Adohana wong padu kerengan
Nalika jajan ja akeh nganyang
Ngucapa salam ing pakumpulan
Golek kang lega ing palungguhan
Kumpula wong kang njaga kamulyan
Tinggala nyacat lan rasan-rasan
Mangan nek luwe lan sakcukupe
Reresik tangan sarta wadahe
Maca bismillah ing kawitane
Alhamdulillah ing pungkasane
Kunyah kang lembut aja kesusu
Ngombe kang alon ja grusa grusu
Aweha pangan maring kancamu
Dadia sehat lahir batinmu
Nalika wudhu ja boros banyu
Wayahe sholat sowan Gustimu
Agea tandang ibadah fardhu
Sholat jamaah kang limang waktu
Mlebu ing masjid kanti sesuci
Lan tata krama ndaleme Gusti
Ja bengak bengok ja wira wiri
Lungguha anteng tilawah ngaji
Dadia bocah jujur perwira
Wong seneng goroh ra dipercaya
Njaga amanat tanda satriya
Sapa khianat bakal kuciwa
Sandang lan pangan nikmate dunya
Aja gemrangsang cukup sak madya
Bocah kang mulya seneng ngapura
Bungah lan susah tetep wibawa
Aja ngrasani lan para padu
Umpama mangan bathang dulurmu
Tinggalna dengki aja ketipu
Rumangsa hebat kapusan napsu
Dadi kawula kang akeh dosa
Ya mesti tobat njaluk ngapura
Tansah ngarepke rohmat suarga
Wedi ngadepi siksa neraka
Sabar nalika nandang musibah
Aja ngresula kudu sing tabah
Syukur ing nikmat sarta anugrah
Supaya berkah lan turah-turah
Ajining diri tandang makarya
Ora jejaluk tomak wong liya
Aja isinan rewang wong tua
Luruh rejeki pangupa jiwa
Syarate amal kudu kang ikhlas
Mugi den tampi Kang Mahawelas
Ngajia Quran paham lan awas
Aja musuhan lan aja angas
Cukup sakmene wasiat iki
Kanggo anakku ja pada lali
Mugiya slamet urip lan mati
Merkoleh fadhol ridhone Gusti
Zia bin Taufiq
Malem Jumat
1 Sya'ban 1443 H