Maulid Jawi inggih punika seratan ingkang mengku riwayat ringkesipun Bendara Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam. Dipun anggit kanthi pengarep-arep mugiya saget dados pangeling-eling kamulyanipun Kanjeng Rasulullah, jangkep tinulis wonten wanci dluha dinten Kemis tanggal 12 sasi Mulud taun 1442 hijriah, kelawan nyuplik saking pinten-pinten kitab maulid para ngulama ingkang sampun kinaweruhan ing tlatah Jawa. Risalah niki kaperang dados sewelas pasal, inggih punika:
1. Pasal Pambuka
2. Pasal Akidah Kita
3. Pasal Nasabe Kanjeng Nabi Muhammad
4. Pasal Parase Kanjeng Nabi Muhammad
5. Pasal Akhlake Kanjeng Nabi Muhammad
6. Pasal Wiyosane Kanjeng Nabi Muhammad
7. Pasal Dakwahe Kanjeng Nabi Muhammad
8. Pasal Isro Mi'roje Kanjeng Nabi Muhammad
9. Pasal Hijrahe Kanjeng Nabi Muhammad
10. Pasal Tresnane Kanjeng Nabi Muhammad
11. Pasal Donga
Wondene Kasidah Muji Nabi inggih punika 63 bait syiiran ingkang mengku ayat-ayat risalah, kautamanipun maos sholawat, sipat-sipatipun Bendara Kanjeng Nabi Muhammad, sarta munajat tawasul. Dipun anggit wonten ing dinten Senen tanggal 9 sasi Jumadil Akhiroh taun 1442 hijriah, kanthi nyuplik saking kitab-kitab syamail lan madah para ngulama ingkang minulya.
Seratan Maulid Jawi lan Kasidah Muji Nabi saget dipun undhuh wonten tautan mriki: Unduh Maulid Jawi Muji Nabi PDF
Seratan Maulid Jawi kanthi aksara latin saget dipun undhuh wonten mriki: Unduh Maulid Jawi Aksara Latin
Piwaosan risalah Maulid Jawi saget dipun pirsani wonten mriki: Piwaosan Maulid Jawi
Piwaosan Kasidah Muji Nabi saget dipun simak wonten mriki: Piwaosan Kasidah Muji Nabi
Maturnuwun sanget dumateng sedaya ingkang kersa maos risalah Maulid Jawi lan Kasidah Muji Nabi, langkung-langkung dados piwucal kangge lare-lare alit minangka sarana nepangaken Bendara Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam. Sarta kula nyuwun tambahing donga pangestu kanti waosan Fatehah, mugi kita sedaya amrih ridhonipun Gusti Allah lan syafaatipun Kanjeng Rasulullah.
Zia Ul Haq bin Taufiqurrahman al-Jawi
@ziatuwel